20:43

Babad Tanah Jawi #25: Cultuurstelsel tahun 1830 - 1915

by , in
Cultuurstelsel iku pranatan kang didhawuhaké GG. van den Bosch dhèk tahun 1830. Surasané pranatan cekaké namtokaké marang wong Pribumi nandur tetanduran kang kena didol menyang Europa, kayata: kopi, tebu, kapas lan tom, ana ing sapéranganing palemahané. Pametuné tatanduran iku kudu dilebokaké menyang Paréntah Gupermèn, supaya Paréntah bisa banjur luwih kenceng enggoné gawé raharjaning tanah.

Apa sababé déné Gupermèn teka nganakaké pranatan iku? Ing abad 17 lan 18 VOC. mung ngudi kauntungané dhéwé, dhasar saluguné VOC. iku mung pakumpulan dagang. Ing abad 19 bareng tanah Indhiya tumiba panguwasané Praja Nederland, bab ngudi kauntungané dhéwé wis ora tumindak.

Nederland duwé wajib agawé tentreming tanah lan raharjaning kawulané anyar, yaiku bangsa pribumi. Lah kepriyé rékané bisané tumindak murih beciking bab pangrèh praja, bab sekolahan, bab tetanèn lan katentremaning umum?

Iku kabèh bakal sepira wragadé. Mangka Paréntah Gupermèn ora nindakaké monopolie kaya déné VOC., wuwuh wuwuh praja Nederland ing nalika iku akèh banget utangé kang jalaran saka perang Napoléon, perang Dipanegara lan perang Bèlgie.

Ing tahun 1828 Praja Nederland kepeksa ambayari kabutuhan Indhiya kèhé 37.000.000, mangka Nederland dhéwé lagi rekasa rekasané. Olèhé dhuwit 37.000.000 iku saka enggoné utang utang marang kawula ing Nederland.

Dhèk samana kekarepané wong Nederland ing bab Pangrèh Praja kena kapérang dadi rong golongan: 1. bangsa liberaal lan 2. bangsa Conservatief.

Bangsa liberaal anjaluk tumraping Indhiya supaya pedagangan lan panggaotan dimerdikakaké, gugur gunung lan lebon wulu wetu kasuwak, mung kebon kebon Gupermèn iku digadhèkna. Hogendorp, Daendels, Du Buss, Elout kekarepané iya mengkono iku. Malah ana kang nedya ngejokaké wong pribumi enggoné tatanèn lan anggota.

Déné golongan Conservatief kayata: Nederburg, van der Cappellen njaluk balining pranatan tanduran peksan, lebon wulu wetu lsp.

Kang akèh wong ing Nederland ngrujuki panemu liberaal mau, éwadéné pranatané ana ing Indhiya ora ditindakaké, utawa mung sathithik kang ditindakaké, marga ora ana wragadé.

Panemuning akèh bisané ngajokaké kemajuan iku kudu ana dhuwit.

Dhuwit iku wetuné saka tetanduran kang pametuné payu larang, mulané Paréntah majegna tanahé, kang durung ana tandurané, marang bangsa Europa, supaya metu kasilé; ing nalika iku ing tanah Jawa kang sinebut loh jinawi iki mung sethithik banget pametune: lebuning barang ing tanah Jawa pangajiné luwih gedhé tinimbang barang kang metu saka tanah Jawa.

Bareng van den Bosch jumeneng Gouverneur Generaal menggalih yèn kabudi dayaning Walanda nenandur ana ing tanah Jawa iku ora bakal bisa kadadéyan, yèn mengkono dadi ora bisa gawé karaharjaning tanah.

GG. van den Bosch banjur ngajokaké wulu wetune tanah Jawa, supaya nenandur tanduran kang payu ana ing Europa manèh, nanging aja nganti gawé sengsaraning wong Jawa kaya sing uwis uwis.

Panemuné van den Bosch kang mengkono iku ora nyimpang saka mesthiné, awit miturut saka kaananing cara ing tanah Jawa, sapa kang nyekel panguwasa nagara (ratu utawa Gupermèn) iku kang nduwèni bumi sauwongé.

Bumi iku diparingaké marang wong cilik supaya digarap, lan sapérangan pametuné katur marang ratu (Gupermèn).

Saka karepé GG. van den Bosch lebon sapérangan pametu iku disalini sapralimaning lemah kang ditanduri kopi, tebu, kapas utawa tom, lan wongé kang ora duwé panduman bumi, ditamtokaké nglakoni gugur gunung 66 dina ing dalem setahun, lan manèh lebuning wulu wetu iku isih bakal nganggo dibayar sethithik minangka ganjaran.

Dadi lebuning wulu wetu iku mau sejatiné minangka pajeg utawa landrente. Petungané ora luwih tinimbang lebuning landrente pranatan Raffles.

Minister van Kolonien Tuwan Elout ora cocog karo panemuné GG. van den Bosch, nganti dilabuhi sèlèh enggoné dadi minister. Déné Ratu Willem I ing Nederland, ngèngeti bangeting kekuranganing dhuwit nagara, kepeksa cocog lan karepé van den Bosch:

  1. Wong Jawa dipeksa nandur tetanduran kang durung diweruhi, lan banjur kètèr enggoné tetanèn dhéwé.
  2. Dhuwit kang minangka ganjaran enggoné nglebokaké wulu wetu mung sethithik, luwih luwih tumraping kopi, mangka sadurungé telung tahun kopi mono durung kena diundhuh.
  3. Panggaraping tanduran anyar iku akèh kang luwih abot tinimbang panggaraping tanduran Jawa, upama: pari.
  4. Tindaking para ambtenaar sok sawenang wenang; lemah kang ditanduri tanduran Gupermèn iku dipihaké sing apik, tur luwih saka sapralimaning palemahan lan liya liyané.
  5. Landrente jebul iya isih ditindakaké.
Wong Jawa batiné mung dumunung mundhak kawruhé ing bab nenandur lan bathi mundhak kasregepané. Tumraping Praja Nederland akèh bathiné, awit pametuning Cultuurstelsel wiwit tahun 1830 tekan tahun 1878 ora kurang saka 800.000.000 rupiyah.

Wong Jawa ora duwé wragad lan ora kober anggarap pasawahané, mulané dadi kamlaratané. Ing sawatara panggonan malah nganti kambah ing paceklik lan palilan, kayata: Cirebon, Demak lan Grobogan (tahun 1818 - 1850).

Kang mengkono iku sejatiné iya ora diniyati déning para kang yasa Cultuurstelsel, lan wong ing negara Walanda akèh kang ora rujuk yèn tindaking Cultuurstelsel banjur sawenang wenang mengkono.

Sawisé tahun 1854 akèh kang mbudidaya amrih suwaking Cultuurstelsel lan gugur gunung.

Ing tahun 1865 tanduran tom disuwak mengkono uga tèh, manis jangan lan cochenil (nopal). Mrica suwak tahun 1860, tembako tahun 1866, tebu tahun 1870. Wet tahun 1915 nyuwak tanduran peksan kang isih kari, yaiku kopi. Dadi wiwit ing tahun 1915 iku Cultuurstelsel wis ilang babar pisan.
Ana ing negara Walanda kana kang banget enggoné ngemohi Cultuurstelsel yaiku Tuwan Pandhita van Hoevell.

Ing tahun 1848 miturut owah owahaning Grondwet, Staten Generaal olèh panguwasa niti priksa tindaking Préntah Luhur tumrap Indhiya lan ngulat ulataké lebu wetuning dhuwit negara, lan manèh Staten Generaal dipasrahi netepaké Reglement ophet beleid der Regeering in Nederlandsch Indie (Regeeringsreglement) lan pranatan liya liyané. Marga saka iku van Hoevell lan sagolongané bisa ngandaraké panemuné ana ing Tweede Kamer.

Regeeringsreglement tahun 1854 wis nyebutaké yèn kabutuhaning kawula Indhiya kudu diprelokaké dhisik lan kawula Indhiya mau sangkaning sathithik kudu didadèkaké bangsa kang nyekel pamaréntah dhéwé (zelfbestuur). Regeeringsreglement iki tumekané saiki isih mengkono.

Bebarengan lan suwaking Culturstelsel ana pranatan pranatan anyar, kang becik, kayata: Pasar wis ora dipajegaké (marang Cina). Ananing batur tukon lan sapepadané diilangi (tahun 1860) lan bab pangedolé candu dikuwasani Gupermèn dhéwé (opiumregie).

Ing tahun 1864 ana Comptabiliteitswest, netepaké yèn begrooting Nederlandsche Indie iku kang gawé Paréntah Indhiya bebarengan lan Paréntah Nederland sarta disahaké srana angger angger déning Staten Generaal.

Ing tahun 1870 ana Agrarische Wet, surasané: Gupermèn kena majegaké bumi kang durung tau digarap marang wong Walanda suwéné ing dalem 75 tahun.
Palemahané wong Indhiya ora kena didol marang wong kang dudu golonganing wong Pribumi, yèn ora srana lantaran Paréntah Gupermèn.

Marga saka iku:

  1. Banjur bisa ana kabudidayan kabudidayan gedhé.
  2. Palemahané wong Pribumi ora gampang bisané tumiba ing tangané wong liya lan wong Pribumi ora gampang kenané apus.
Pedagangan lan pelayaran bisa maju banget. Ing tahun 1870 anané pakumpulan palayaran kang dhisik dhéwé jenengé Stoom vaart Maatschappij "Nederland".

Ing tahun 1872 nalika GG. Loudon rawuh ing Indhiya wis prasasat kari nemu kapénaké, prakara prakara kang ndadèkaké rekasané wong Pribumi wis prasasat ilang.

Sumber: ‘Babad Tanah Djawi’, Gubahanipun L. Van Rijckevorsel (Directeur Normaalschool Muntilan) kabantu R.D.S. Hadiwidjana (Guru Kweekschool Muntilan), Pangecapan J.B. Wolters U.M., Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925.
21:39

Babad Tanah Jawi #04: Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik (1220 - 1247)

by , in
Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok. Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891. Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé. Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput.

Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu. Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang gedhé karepe lan kenceng budiné. Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Ametung.

Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdèkaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golèk dalan kapriyé enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng. Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring. Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepéncut kepéngin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh. Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamèr pamèraké, dikandhakaké duwèké dhéwé.

Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané mau dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum pati. Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmané Ken Dhedhes.

Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkemé. Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda nggantung sabalané kang padha tuhu. Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, yaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait.

Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anusapati.

Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa, nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, béda banget karo rayi rayiné.

Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: "Ibu, punapa, déné Kangjeng rama punika teka boten remen dhateng kula?" Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan. Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwé sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu. Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo. Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké.

Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka. Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang). Anusapati nggentèni jumeneng Nata.

Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyédani ramané, mulané sumedya males ukum lan iya kelakon.

Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal, didhawuhi nyirnakaké kalilipé loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati.

Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang radèn loro, banjur wewarah saperluné. Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati. Lembu Ampal nggolèki radèn loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda.
Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhèrèké Narasinga.

Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: "Kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra". Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura.

Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditumpangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha. Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur.

Sumber: ‘Babad Tanah Djawi’, Gubahanipun L. Van Rijckevorsel (Directeur Normaalschool Muntilan) kabantu R.D.S. Hadiwidjana (Guru Kweekschool Muntilan), Pangecapan J.B. Wolters U.M., Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925.
21:29

Babad Tanah Jawi #03: Karajan Ing Tanah Jawa Wétan (wiwitané Abad 10 - Tahun 1220)

by , in
Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu). Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.

Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul).

Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah. Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram. Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha. Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: "Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé."

Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan. Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan. Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat.

Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan. Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono.

Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha. Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati. Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè. Saka enggoné manggalih marang tetanèn yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas.

Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan. Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran.

Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla. Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700. Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?).

Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha. Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang. Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha. Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli. Dhèk samono wong wong iya wis padha bisa njogèt, gamelané suling, kendhang lan gambang.

Karsané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri. Déné kang minangka watesé: pager témbok kang sinebut "Pinggir Raksa", wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran "Juga", nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir. Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.

Mungguhing babad Jawa jumenengé Prabu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sajroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan. Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang. Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata: 1) Layang Mahabarata, 2) Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.

Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku praja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan. Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé nganti tekan abad 13.

Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, sapérangané Pasuruwan lan Madiyun. Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara.

Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani.

Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna. Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana. Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala. Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng.

Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh. Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha. Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.

Sumber: ‘Babad Tanah Djawi’, Gubahanipun L. Van Rijckevorsel (Directeur Normaalschool Muntilan) kabantu R.D.S. Hadiwidjana (Guru Kweekschool Muntilan), Pangecapan J.B. Wolters U.M., Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925.
21:08

Babad Tanah Jawi #02: Karajan Indhu ing Jawa Tengah (Abad Kaping 6)

by , in
Mirit saka: (1) Cathetané bangsa Cina; (2) Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi; (3) Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing Tanah Jawa Tengah dhèk jaman samono.

Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon. Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah. Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi neneka mau; mulané banjur dadi sor-sorané.

Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara. Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahé wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo képang.

Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan liya liyané.

Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa. Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur). Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné nyekel pangrèhing praja (tahun 674).

Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang, nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga klebu dadi wewengkoné karajan iku.

Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang, yèn ana bégal utawa bebaya liyané. Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah Jawa wis mbawahaké tanah Kedah ing Malaka (pamelikan timah).

Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram. Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara. Kuthané karan : Mendhangkamulan.

Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri). Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni. Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan dedagangan.

Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram. Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak déning panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan. Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan Mataram kuna.

Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti. Kejaba saka iku uga nembah marang déwa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari Durga.

Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku: para Brahmana (bangsa pandhita), para Satriya (bangsa luhur), para Wesya (bangsa kriya), para Syudra (bangsa wong cilik). Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha.

Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha.

Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau. Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong. Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan.

Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé. Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu. Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet, Cina, Jepang.

Mungguh wong agama Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olèhe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon).

Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok dicampur baé. Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata:

  • Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané ratu darah Sanjaya.
  • Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki candhi tuwa dhéwé (Budha), yasané ratu darah Syailendra.
  • Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan Mendut.
  • Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana candhi campuran Budha lan Syiwah.

Sumber: ‘Babad Tanah Djawi’, Gubahanipun L. Van Rijckevorsel (Directeur Normaalschool Muntilan) kabantu R.D.S. Hadiwidjana (Guru Kweekschool Muntilan), Pangecapan J.B. Wolters U.M., Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925.

21:01

Babad Tanah Jawi #01: Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon (wiwit abad 2 utawa 3)

by , in
Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan "Tarumanagara" (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).

Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan. Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.

Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi. Ing cathetané ana kang nerangaké mangkéné :

  1. Ing kono akèh wong ora duwé agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha.
  2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
  3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana kang mung lelungan, karepé arep padha menyang Canton.
Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa. Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan.

Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwé akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.

Sumber: ‘Babad Tanah Djawi’, Gubahanipun L. Van Rijckevorsel (Directeur Normaalschool Muntilan) kabantu R.D.S. Hadiwidjana (Guru Kweekschool Muntilan), Pangecapan J.B. Wolters U.M., Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925.
19:45

Gudeg Mercon Bu Tinah di Kranggan

by , in
Gudeg buatan Bu Tinah ini boleh dibilang cukup ekstrim. Rasa yang melekat kuat di lidah bukanlah gurih-manis seperti gudeg original khas Jogja.

Gudeg super pedaslah rasa yang coba ditawarkan Bu Tinah. Kalau Anda pernah menjajal sensasi oseng-oseng mercon yang juga banyak dijual di seputaran Jogja, di warung inilah Anda mendapatkan sensasi rasa baru, yaitu gabungan keduanya.

Gudeg basah khas Jogja yang gurih-manis dicampur dengan oseng-oseng tempe lombok ijo yang cukup pedas. Anda yang menggilai menu pedas, sajian gudeg mercon Bu Tinah ini recommended.

Di saat lapar mengetuk-ngetuk di malam hari, segeralah meluncur ke Jl. Asemgede, Kranggan. Di situ Anda akan menemukan sebuah warung sederhana berpayung lembaran terpal yang mulai buka pukul 21.00. Di situ pula, Anda dapat mengisi perut dengan menu gudeg kreasi baru racikan Bu Tinah.

Sambil bersila di badan trotoar, Anda akan sekaligus merasakan dobel romantisme Jogja; menu legendaris kreasi baru, plus nuansa hangat bersahabat kota gudeg di malam hari.

Sumber: Majalah Kabare, edisi Desember 2012 (Teks: FA Herru, foto: Albert)

My Instagram